pancen utek asu

 

pancen utek asu

Jamane wis ora karuan, angel mratelakake siji lan sijine, campur bawur ora nggenah, njobone ijo njerone dadu, njobone abang njerone biru. Lucu akeh gerombolan sing ngakune anti Amerika, padahal ngerti dewe nek cara pemilihan umume nagari begajul kui fotokopi karo cara-cara demokrasine negoro Amerika. Luwih kenthir maneh akeh sing ora seneng karo neoliberalisme, lha kui aliran opo maneh, durung ana thesis poro wong pinter sing katon mbahas perkara kui.

Pancen negara obar-abir iki isih kebingungan, ra ono sing jelas maneh, aturan nagari wis kelalen kabeh, opo tujuane mardika, opo sing ditulis nang UUD 1945. Kelalen kabeh amargo ora paham babar blas artine perjuangan kemerdekaan kui. Lha yo piye leh arep paham wong sing jaman mbiyen iku sugih mesthi pinter amargo disekolahno lan diopeni Walanda, iso sekolah nang luar negeri ngangsu kawruh ora isa ngrasakne rasane weteng ngelih lan perang mungsuh Walanda. Nanging sebab duwe drajad lan pangkat anggene sekolah terus iso dolanan pulitik. Ya kedadeane salah sijine ya koyo mangkene, durung amarga wong-wong sing uteke waras mbelo wong cilik jaman mbiyen wis di dor nang pinggir sawah amargo dipitenah nek ora nyembah gusti allah.

Bener yen nagari iki ora tau sinau mring sejarah jaman kepungkur, dibaleni maneh nek ora kesusul karo kritik lan media sing iso ngatonke sangar lan kejem menungso sing ngilangake nyawane liyan amarga didakwa agama sing diagem diarani beda tumrap umume, wis ora ono maneh rasa pangrasa saling menghargai andarbeni rahsa keIndonesiaan. Bilih ono perusahaan bal-balan sing jenenge PSSI nganggo jeneng Indonesia, anggarane yo seko nagari Indonesia ananging embuh lungane duit menyang ngendi, sansoyo ketawis maneh anggene podo eyel-eyelan cangkem namung seko wong sak suku, pancen nek dipratelakake kabeh ono konflik lan bunuh-bunuhan kui ya amargi seko suku cilik-cilik sing persoalane ora nate iso rampung lan ora isa di rampungake nganggo tangan hukum. Amargi akeh para panguwasa lokal ingkang mboten resmi ya informal ngono bahasa umume isih anguwasani lan nulari para pejabat pemerintah dadi penyakiten, amarga ya wis ora ana sing dipun wedeni marang para penguwasa alternatif punika.

Mulane mbuh ono pirang jenis tataran demokrasi lang pilih pinilih anggenipun nemtokake panguwasa, ora isa mlaku kabeh sistemipun amarga ya kui mau, kabeh iso dirampungake nganggo duwit, Uwis dadi rahasia umum, diomongke, dirasani ono ing pinggir ndalan, warung-warung lan angkringan, mulane dadi kaweden nganti nggawe undang-undang informasi lan transaksi elektronik, undang-undang rahasia negara lan sakpiturute amarga saking wedine kabeh omongan iku isa kecatet dadi huruf-huruf sing dsambungake dadi kalimat lan iso dipun waos marang sapadha-padha khalayak umum, sing ndadekake rasa isin ne para pejabat lan punggawa sing kudune ora iso kademok marang ukum lan pulisi.

Ya ngono iku pulitik, pancen uteke asu kabeh.

Atas