Pasar Manuk Ngasem Pindahan

 

Pasar Manuk Ngasem Pindahan

Pemerintah Kuto Yoja pancen ampuh, mindah pasar tanpo ono rame-rame. Kolo wingi tanggal 24 April 2010. Pasar Manuk Ngasem sing panggonane ono ing jeron beteng kraton ngayojokarto iku pindahan nang Jalan Mbantul Jokteng Kulon ngidul bablas, nang batas kuto antarane kodya kalawan mbantul, luwih pas e ono ing sak lor e prapatan ndongkelan, prapatan ketemune ringrod kidul karo jalan mbantul kui. Jelas pasar manuk Ngasem marai macet nang jeron beteng, wis panggonane elek reget lan opomaneh kumuh ugo mungkin ratune ora seneng mergo mambu. Tur ampuhe tenan yo kui babar blas ora ono sruwang-sruwing protes opo maneh adu katosan antarane pedagang karo satpol pepe. Opo ono bayarane sing akeh utowo leh ngancam nganggo aparat sing luwih mitayani sing jelas apik lan ora rusuh. Ming kudune landmark sing mbiyene iso marai untung poro bakul kaos lan sak panunggalane kui tambah dagangan maneh wong pasare pindah, dadi mungkin ono edisi revisi pasar manuk.

Kene ugo urung mengerti arep digawe dadi opo tilas pasar manuk ngasem iku. Mugo-mugo ae dadi kolam renang utowo blumbang
sing ombo dadi arane kuto yojo dadine sejuk ora panas koyo nang arab mangkene. Ananging ketokane yo ming dadi terminal bis, lha wong alun-alun lor sing dadi terminal bis iku yo ketokane wis kebak terus kanggo madahi poro wisatawan sing arep mlaku-mlaku nang malioboro. Dadi mungkin podo ae suk daerah ono yo isih umpel-umpelan macet lalu lintase, ketambahan jalan mbantul yo mesthi macet sewalang-walang wong do nyabrang lan sak panunggalane. Dadi yo podo wae ming mindah kemacetan lalu lintas asline kui. Ning ora iso ngatasi kemacetane. Lha sing tuku pakan manuk kui ora ming wong mbantul je. Ning wong daerah lor, koyo sleman, sing perumahane akehe ora umum, nganti saking mumete pemerintah sleman kentekan kertas kanggo nggawe surat ijin IMB iku, akeh perumahan sing ora ono ijin IMB ne, mbuh amargo kentekan kertas, lemari opo tinta print yo radong, lha lemah wis dituku kudune diapak-apakne karo sing nduwe yo udu urusane pamarintah sing gaweane ming nariki pajek karo ongkang-ongkang moco koran neng kantor. Wong ya jelas nek kuto yoja nganti banjir iku yo ming apes, karo leh nggawe dalan goblok, mergo luwih cendek karo selokan opo lemah sing pinggire.

Pasar Manuk Ngasem Bubrah

Lha ngene iki kahanane pasar manuk ngasem jogja saiki, barisan tikus lan sakpanunggalane untunge ora ketemu, koyo pas pindahan terminal umbulharjo nang pinggir ringroad jalan imogiri kae. Pancen nek mindahe pinter ananging pilihan lokasine sing babar blas ora pas, lha pusat keramean lan penduduk sing akeh ki daerah lor, dadi yo podo ae ming pemerataan kemacetan, opo sistem perkotaane sing ora nate rembugan mergane daerah sleman ki wis majune koyo mengkono, dadi mending ngedohi ben kerameane iso roto.

bubrahane pasar manuk ngasem

Pasar Manuk Dongkelan

Koyo mangkene kahanan pasar sing anyar, sing wetan ndalan pindahan pasar manuk ngasem, dadi pasar satwa, sing sebelah kulon ndalan pasar tanaman hiyas, dadi wong yo nyabrang ngetan ngulon, opo maneh dalan mbantul sing ramene eram koyo dalan ngGodean iku wis parkire ngature sak isane ora nganggo ijasah sekolah parkir, rausah mbayangke mesthi macet e podo neng ngarep nggerijo nek pas minggu opo ono hari raya keagamaan. Ewo semono yo jempol kanggo walikotane, embuh sesuk ono ontran-ontran opo maneh, sing jelas cerak omah soyo akeh titik-titik kemacetan kuwi sing marahi susah amargo macet ki nek numpak taksi yo argone mlaku, karo nek kesuwen yo marai mangkel lan ngelinh ugo.

Atas